Jumat, 06 Februari 2015

Tugas Sesorah kelas 9 B Jawa tentang HARI JADI KABUPATEN SLEMAN





Engkang satuhu kinurmatan KepalaSekolah SMPN 4 Pakem,
 Bapak/Ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati
Saha kanca-kanca ingkang bagya mulya. 
Sumangga kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsadalem  Allah SWT ingkang sampun paring kanikamatan saha rahmat, satemah ing wakdal menika kita  saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu mengeti ambal warso Kabupaten Sleman ingkang kaping 98.
Bapak Ibu saha para kanca .Cikal bakal kabupaten Sleman dipunwiwiti tanggal 15 Mei 1916 pinangka bagian saking satunggal wilayah Kasultanan Ngayogyakarta ingkang dipun perang 3 inggih menika kalasan, bantul, saha sulaiman ( ngkang samenika dipunsebat Sleman) kanthi bupati pinangka kepala wilayah.  Margi saking menika wusana medal perda No. 12 tahun1998 ingkang nyatakaken bilih kabupaten sleman lahir 15 Mei 1916.
Kabupaten Sleman winatesan kalian provinsi Jawa Tengah siring ler kalian wetan.Kabupaten Gunungkidul, KabupatenBantul kalian Kota Yogyakarta wonten siring kidul, saha kabupaten Kulonprogo wonten siring kilen.  Pusat pemerintahan wonten ing kecamatan Sleman mapan wonten ing jalur utama antawisipun Yogyakarta Semarang.
Bagian ler kabupaten menika awujud gunung Merapi wonten ing perbatasan kalian Jawa tengah.  Salah satunggal gunung berapi aktif ingkang paling bahaya ing tlatah pulau Jawa.Sawetawis wontening siring kidul awujud dataran andhap ingkang subur.  Antawisipun lepen-lepen ageng ingkang nglewati kabupaten menika inggih punika lepen progo (pinangka batas kabupaten Sleman kalian kabupaten Kulonprogo) lepen Code, saha lepen Tapus.
Antawisipun kabupaten sanesipun ing tlatah DIY, kabupaten Sleman ingkang paling makmur.Kekayaan utami kabupaten Sleman asalipun saking siti ingkang subur amargi caket gunung ingkang taksih aktif salah satunggiling gunung Merapi.Kanti suburipun siti ing Sleman mila kathah sumber daya alam ingkang saged dipunkembangaken kanthi gampil ingkang sepindhah inggih menika salak pondoh khas Sleman, sanesipun dipunsade kanthi ujud buah salak pondoh ugi saged dipunkemas dados kripik, manisan, lan sak panunggalanipun.  Kanthi kathahipun variasi olahan salak pondoh mila potensi kawigatosipun masyarakat dados tambah kalian ningkataken pendapatan produsen salak pondoh, ugi mboten namung wohipun kemawon, naming salak pondoh ugi saged dipunsade kanthi ujud agrowisata inggih menika wisata kebon salak.


Amargi nggadhahi keuntungan saking faktor alam ingkang sanget inggil, kabupaten Sleman kathah dipunminati tiyang kanggih dadosaken papan panggenan mliginipun masyarakat Jogja saha masyarakat Indonesia umumipun remen mapan ing Sleman amargi tentrem lan ayem.  Bab menika dadosaken regi siti wonten Sleman inggil, sanesipun menika akses ingkang             gampil wonten pusat perekonomian, pusat hiburan kalian wisata dadosaken kabupaten Sleman papan ingkang dipunidamaken masyarakat.
Kaluwihan kabupaten Sleman sanesipun inggih menika bidang pariwisata kathah papan wisata ing Sleman ingkang sampun kawentar wonten ingdalam negeri saha manca Negara antawisipun alam kados kaliurang, wisata budaya lan sejarah kados candi Prambanan, candi Kalasan, candi Mendut, museum merapi sarto wisata belanja kados ambarukmo plaza,  napa malih Yogyakarta kawentar kota pendidikan saha wontening Sleman wonten kalih universitas ingkang sampun kasuwur kados Universitas Gadjah Mada lan Universitas Negeri Yogyakarta.
Kados mekaten Kasunyatan ngengingi kabupaten Sleman ingkang saged kula aturaken.Mugi-mugi dadosaken manfaat kanggih kita sedaya.Cekap semanten aturkula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun samudra pangaksami. Nuwun
Wabillahitaufikwalhidayah, wasallamualaikumwr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More