Jumat, 06 Februari 2015

Pranatacara tugas kelas 9






Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
            Ingkang kinurmatan ketua panitya perpisahan kelas 9 SMP  4 Pakem
            Panjenenganipun  Kepala SMP N 4 Pakem ingkang kinurmatan
            Bapak/Ibu wali kelas IX ingkang satuhu kinurmatan
            Bapak/Ibu Guru lan karyawan SMP N 4 Pakem ingkang bagya mulya
            Saha para kanca ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula satemah wonten ing wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula saged ngrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas IX kanthi wilujeng mboten wonten alangan menapa.
Para bapak, para ibu, sagung para ingkang sami rawuh ingkang dahat kinurmatan
kula ingkang jinejer minangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut- reroncening adicara ing acara wonten ing wekdal menika.
Ingkang sepisan, pembuka.
Acara kaping kalih, inggih menika tanggap wacana saking pangarsa panitya perpisahan.
Acara kaping tiga, Sendra Tari Ramayana saking kelas 9
Acara kaping sekawan,inggih menika tanggap wacana saking wakil kelas 9
Acara kaping gangsal, inggih menika lagu saking guru seni musik
Acara kaping enem, inggih menika tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah.
Acara kaping pitu inggih menika pelepasan siswa kelas 9
Acara kaping wolu inggih menika panutup
Mekaten reroncening tata adicara pepisahan siswa kelas IX  ing siang wekdal menika
Kangge angawiti acar punika manggi kita sareng-sareng maos basmallah
            Acara salajengipun inggih menika tanggap wacana saking ketua panitya. Dhumateng panjenenganipun Ahika Harimbawa  sedya wekdal saha papan kasumanggakaken.
            Acara salajengipun inggih menika Sendra Tari Ramayana saking kelas 9 Dhumateng rencang sedaya wekdal saha papan kula sumanggakaken.
              Acara salajengipun inggih menika tanggap wacana saking wakil kelas 9 Dhumateng panjenenganipun Hadi  Kusuma wekdal saha papan kula sumanggaken
            Acara salajengipun inggih menika Dhumateng Bu Gilang wekdal saha papan kula sumanggaken
          Acara salajengipun menika tanggap wacana saking Bapak  Kepala Sekolah Dhumateng bapak Ponidi wekdal saha papan kula sumanggaken
          Acara salajengipun inggih menika pelepasan siswa kelas 9 .dhumateng para kanca ingkang badhe paring panglipur, wekdal saha papan kula semanggakaken

          
            Bapak/Ibu saha para rawuh ingkang dahat kinurmatan lan para kanca ingkang kula tresnani.Mekaten lampahing acara “Perpisahan Kelas IX” wonten ing wekdal menika. Dumugining acara panutup, sumangga acara menika kita tutup sesarengan kanthi maos hamdalah.
            Matur nuwun, mekaten acara ing siyang menika. Kula minangka pranatacara ing siyang menika kathah pinanggih kalepatan ing basa lan subasita, kula nyuwun agunging pangapunten.
            Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
                                                                                                        
kalau mau copas sertakan sumbernya vrooh :v





0 komentar:

Posting Komentar

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More